Gawe negaraku
Dening: Widiawati Kholifa
Duh gusti kang nyiptaake bumi lan isine
Ning kene aku dilahirake
Ning tanah suci swarga manggone
Syukur hamdalah dak ucapke
Nanging tanah suci sak iki tetcemari
Sangking ulah koruptor sang politisi
Licik aksle koyo sengkuni
Kudu dibuwak utawa dibasmi
Wes ndang minggat.......
Ben raono wong keparat
Masyarakat sing mlarat
Utawa lintah lintah darat
Balikno duwikku
Balikno sekolahanku
Balikno panguripanku
Apa aku kudu sujud marang sliramu, ben kowe ninggalke negaraku
Yen mengkono dadi impianku,dak lakoni gawe negaraku